[postlink]https://shavimoe.blogspot.com/2011/08/kekodanging-ati.html[/postlink]Ing jagad sisih wetan
Langit ing angkasa wus semburat abang
Sanghyang bagaskara wus tangi
Martandani gumantining alam
Sirnaning jagad wengi gumanti rahina
Sumulaking padanging jagad
Ing langit angkasa
Dwi warna katon kumlebet ing dirgantara
Katon angawe-awe sarta angumandangake suara
Dongan bapa angkasa
Puji suci ibu pertiwi
"He putra-putriku"
Tangi lan siapo diri
Wis wancine angadani pakarya suci
Angupadi mardikaning nagri
Kanti asesanti "Mardika utawa Mati"
Murih kamulyaning bangsa
karya:SUGENG PRANATA
Langit ing angkasa wus semburat abang
Sanghyang bagaskara wus tangi
Martandani gumantining alam
Sirnaning jagad wengi gumanti rahina
Sumulaking padanging jagad
Ing langit angkasa
Dwi warna katon kumlebet ing dirgantara
Katon angawe-awe sarta angumandangake suara
Dongan bapa angkasa
Puji suci ibu pertiwi
"He putra-putriku"
Tangi lan siapo diri
Wis wancine angadani pakarya suci
Angupadi mardikaning nagri
Kanti asesanti "Mardika utawa Mati"
Murih kamulyaning bangsa
karya:SUGENG PRANATA
0 komentar:
Posting Komentar